Sabtu, 06 Juni 2009

Wayang Cukil “CIPTANING RAGA”

Prolog
Nuwun….. khanti lumantar carito puniki kito Teater Ganjil ngaturi prikso, tansah panaringan rahayu selamet kagen sedanten pamerso, cariyos Wayang Cukil punika kito angget sumanggeh kagem njagi murih lestarine warisan budoyo leluhur kita, ugo kagem nambah warni-warni ning budoyo adiluhung, Mbok bilih wonten klenta-klentunipun, wutowo kirang leres woten manah pamerso dateng wayang Cukil punika, mugi kaparengan sutresno pareng pangapunten, saha paring pitedhah ingkang murakabi. mogo kito pidangetaken carios Wayang Cukil kanti irah-irahan CIPTANING RAGA, sugeng midangetaken.

(tembang) Mendunge sumilak, ing mangka gluduke gumleger, swaraning angin sumiyut nempuh godong-godongan ngelem elemi ati…..
Kocap kacarito!,…..ING JAMAN PURWOCARITO ono sawijine negoro kang jejuluk Ngastinopuro, eng negara mau ana sawijining satrio kang bagus rupane lan bebudene luhur ugo wicaksono, satrio mau jejuluk Panengaheng Padhowo yo iku Raden Janoko panjelmaning Batoro Indra, Radeng Janoko yo uga katelah Arjuno, lan isih akeh maneh kang ora kasebut.

(tembang) Satrianeng lahir…. prauneng goyang, gununge podo njebluk…..satrioneng semedi bulane podo tabraan ewon topeng bedo bentue
Radeng Janoko, putrane prabu Pandu Dewonoto kang nomer telu. Prabu Pandu kuwi raja ing Ngastinopuro, Ibune Janoko kang aran Dewi Kunthi. Raden janoko seneng lelono lan tapa brata, mula sekti lan sugih gaman.

(tembang) Satriane ngambah kayangan, watune nagis getih, nagane mbelah nuswantoro…srimulate banjur bubar sebab siparikesit jumeneng ratu
Pusakane raden Janoko iku pirang-pirang kayato Keris pasopati, Pulanggeni, sarutomo joyopamungkas lan isih akeh maneh.ora meng kuwi seko deweknen ugo mengokone nuwuhake ratu-ratu agung gung binatoro yoiku Raden parikeset sak teturune. Raden Janoko ugo nduwe abdi kinasih papat cacahe seng biasane katelah punokawan yaiku kiayine Semar lan anak-anake, Kiayi Semar sabenere panjelmaning Sang Yang Ismoyo kang katitis ing ngalam ndonyo, kang nduweni tugas anguak sakabeheng wewadi ing serataning urip.





(tembang) Ger-geger geger ndonyane lagi geger sebab manungsane lali karo janjine lali karo sumpahe,…jagat dewo bataoro jamene lagi edan seng jare orak edan orak oleh keduman…..
Sak wijining carita,..Raden janaka nindaake tapa brata ana ing alas gung liwang-liwung. Gelunge kabukak, rikmane nganti dadi susuh manuk emprit. Klabang, lulling, kalajengking lan kemongga pada nyusuh ana badane sang tapa. Digodha para widodari, mekso ora ngrewes. Tetep ening anggone ngeningake cipto. Sajeroning topo broto deweknen sesambat :
Apa ndonyo iki isine angkoro murko, Manungso durjono kang tumindak culiko karo sapodo-podo Becik ketitik olo ketoro,……. duh gusti kulonyuwun supados ngalam dunyo punika katitisan jalmo manungso ingkang sakalangkung sae, supados saget brasto angkoro murko ing jagat punika lan ingkang saget engarso suntulodo ingmadio mangun karso tutwuri handayani

Hompilahing sekaring bawono langgeng sekar mayang….3X

Sajeroning carito ing jungring saloko, kekraman rajane yakso yaiku Prabu Niwatakawaca. Sang Prabu nggayuhake widodari kang asmane Dewi Suprobo. Yokuwi widodari sing paling ayu. Mesti wae ditampik deneng Dewa. Banjur dadi perang rame. Dewa-dewa padha keseser, keplayu. Bagawan Ciptoning sing disraya para Dewa-Dewa, banjur maju nandingi kridaneng para raksekso. Perang rungket silih tanding padha dene sektine.
Wekasaning crito Prabu Niwatakawaca kataman panahe Begawan Ciptoning, langsung sirno padha sanaliko. Dene sang Bagawan banjur badar dadi Raden Janaka, Raden Janaka kaganjar dadi Ratu ing kayangan jejuluk Prabu Kalithi.

Raga tetenger tembung, …tembung jimarwo teteki,..teteki suminten rahsa,…rahsa lumanpar sukma,…sukma lumampah raga.

Wasono cukup samene dhisik crito iki, liyo dino kasambung maneh, nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar