Sabtu, 06 Juni 2009

Wayang Cukil “Pembakaran Tubuh dalam Imaji”

Prolog
Lir Ilir
I lir ilir tandure wis semilir tak ijo royo-royo tak senggoh penganten anyar
Bocah angon-2 penekno blimbing kuwi lunyu-lunyu penekno kanggo masuh dodo diro
Dododiro-dododiro kumiter bedahing pinggir domono jlumatono kanggo sebo mengko sore
Mumpung gede rembulane, mumpung jembar kalangane
Ya suraka,..surak hore
Semar samaraneng Sang Yang Esmoyo Jati, jati-jatining minulyo, ngejo wantah eng ngarcopodho. Semar kang jiwo minulyo luhur bekti wicaksono, titah ingkang angruat jaga
Supados NGUDAL PAMULANG
Kodrateng Sang Yang Ismoyo katitis ing ngalam ndonyo, anguak sakabeheng wewadi ing serataning urep,….kocap kacarito !
Semare lahir, prauneng goyang gununge podho njebluk
Semare semedi, bulane podo tabraan ewon topeng bedo bentuke
Semare ngambah kayangan, watune nangis getih nagane mbelah nuswantoro
Bronto yudo dadi bubar, sebab si parikesit jumeneng ratu
Niate sajembar segoro, nutu watu dadi emas bantenge manak ewon
Ngeterake Kiayine, ngambah geni, kanganggegeki sumpahe !
NATA NGARCOPODO
Geger-geger ndonyaneng lagi geger
Sebab manungsone lali karo janjine lali karo sumpahe
Jagat dewo batoro jamane lagi edan, sengjare ora edan ora oleh keduman
Apa ndonyo iki isine angkoro murko,
Manungso durjono kang tumindak culiko karo sapodo-podo
Becik ketitik olo ketoro

PERMAINAN PANTOMIME
Epilog
Katulis ing ati, pesen kang tansah wurung kakirim, nadyan amung arupo tembung, sungkem saklimah godhong asem, dumeling ing ati iki titi wanci manunggaling kawulo Gusti….
Duh gusti kulo nuwun supados ngalam donyo puniko tinitisan jalmo manungso engkang sakalangkung sae, supados saget mbrasto angkoro murko ing jagat puniko
.
Karya : Iwan Adi Nagoro & M Sugeng
Sekenario : Iwan Adi Nagoro
Sutradara : M Sugeng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar